-->

Kamis, 30 Juli 2009

Cepet, Slamet, Ora Klelat-klelet

image

ORA beda karo swasana ing dalan-dalan gedhe jero kutha, ing jagading politik uga kabeh padha ketok kesusu olehe lumaku. Kabeh padha rebut dhisik. Kabeh padha kepengin ana ngarep dhewe. Sing penting cepet, nganti sok-sok lali menawa apa wae iku temene kudu nganggo wewaton, kanthi irama, lan angon wektu.

Jagad unen-unen temene wis kebak dening pamrayoga supaya samubarang tumindak tansah ora ninggal ing pangati-ati. Sing penting slamet lan ketekan sedyane. Nanging jroning swasana sing saya cepet owah-owahane, ing kahanan sing sok-sok sarwa ora bisa dipesthekake, apa isih relevan unen-unen kayadene ‘’alon-alon waton kelakon’’?
Ing jagad pewayangan, Baladewa kerep digambarake minangka ratu sing srogal-srogol, samubarang tumindak kudu sarwa cepet. Nanging ya kuwi, saking srogal-srogol lan cepete, sok-sok dadi kecepetan lan kurang ing petung. Titik kelemahan mangkono iku sing banjur dimanfaatake dening rayine, Prabu Kresna sing jejer minangka botohe Kresna. Baladewa diapusi, dikon tapa ing Grojogan Sewu sasuwene Bratayuda. Pamrihe, ratu Mandura iku ora ngrewangi Kurawa, saora-orane ora ngrusuhi skenario sing wis dirancang dening Kresna.
Senajan ora nganti fatal akibat saka tindak-tanduke sing sarwa cepet, sok-sok luput uga patrape Baladewa. Semonoa, Baladewa tetep dadi werna liya sing ngregengake jagad pewayangan.
Ing lakon ketoprak, Arya Penangsang bisa dadi gambarane kebat kliwat. Jroning memungsuhan karo Sultan Hadiwijaya saka Pajang, Arya Jipang iki katon banget olehe kepengin cepet-cepet ngrampungake perkara. Marang gurune, Sunan Kudus, dheweke nyuwun tulung maeka marang mungsuh bebuyutane.
Jroning musyawarah ing Panti Kudus, Sunan Kudus nyiyapake kursi khusus kanggo Hadiwijaya. Kursi mau wis dirajah sadurunge. Kanthi mengkono, sing nglungguhi kursi mau bakal apes, bakal ilang kekuwatane.
Nanging Hadiwijaya, kanthi diampingi-ampingi Pemanahan, orang kurang ing kaprayitnan. Nalika dimanggakake supaya lungguh ing kursi sing wis dicepakake, dheweke nulak alus. Pungkasane, malah Arya Penangsang dhewe sing nglungguhi.
Ing kono, wong loro mau malah padudon, padha ngagakake kerise dhewe-dhewe. Sunan Kudus sing mrepegi banjur nyapih, nyekeli tangane Hadiwijaya kanthi ngucap, ‘’Rangkakna!’’
Kuwi jarene pralampita amrih Arya Jipang ngrangkakake keris menyang awake Hadiwijaya. Nanging ora mengkono panampane Penangsang. Keris dirangkakake.
Nalika campuh perang Jipang-Pajang, Arya Jipang uga wis diwanti-wanti supaya luwih sabar, aja nganti nyabrang Bengawan Sore. Nanging dhasare watak wantune sarwa grusa-grusu, Penangsang lali marang petung, satemah nemahi tiwas perang mungsuh putra angkate Hadiwijaya, Senapati.
Kebat Ora Kliwat
Jroning khazanah unen-unen Jawa, kejaba ‘’alon-alon waton kelakon’’, uga ana ‘’kebat kliwat, gancang pincang’’. Semangate padha, padha-padha nengenake tumindak sing luwih sareh, yaiku sakabehing tumindak kudu ditimbang lan dilimbang, ditinting lan ditanting mungguh tuna lan bathine.
Nanging apa sing sarwa cepet iku mesthi bakal nuwuhake kapitunan? Apa sing cekat-ceket iku mesthi ora mikolehi? Mengko dhisik.
Wisanggeni contone. Kejaba tegas, putrane Arjuna iku tumindak sarwa cepet lan pas, luwih-luwih kanggo njaga utuhing bangsa. Wisanggeni uga ora tau mangu-mangu. Upama ora ana Wisanggeni, bokmenawa tlatah Banakeling, Widarakandhang, lan Tunggarana durung manunggal jroning bedhamen. Mangka, sadurunge tansah ora ana kerampungane.
Saka babon Ramayana, Rama digambarake ora enggal tumindak sanajan Sita wis suwe ana jroning cengkeremane Rahwana. Tujune ana Sugriwa lan bala wanara liyane sing tansah cukat, ceket, trampil, trengginas jroning tandang grayang.
Semono uga Arjunasasra, sing jan-jane uga ora beda karo Sumantri. Loro-lorone dianggep padha kasil nindakake pakaryane dhewe-dhewe. Kamangka, ora! Dudu Sumantri, apamaneh Arjunasasra, nanging Sukasrana. Sukasrana sing ‘’pasang badan’’ nalika Sumantri dadi duta pamungkase ratu Maospati mboyongi Dewi Citrawati. Sukasrana uga sing kelakon muter Taman Sriwedari nalika Sumantri, uga Arjunasasra, isih mikar-mikir piye carane minangkani pamundhute sang dyah ayu mau.
Ya, Sukasrana lan uga para wanara wis tumandang cepet jroning kaanan krusial, kahanan sing mbutuhake apa-apa kudu ditindakake kanthi cekat-ceket, ora klelat-klelet.
Pancen, apa-apa iku ana wektune sahingga ora perlu nggege mangsa. Nanging ora banjur mung angon wektu, yen kuwi uga mung mujudake sikap pasif utawa malah thenguk-thenguk ngarep-arep nemu kethuk.
Dalan rupak aja nganti kedhisikan! Iku sing sok-sok ndadekake luwih padha milih dalan sidhatan, merga luwih cepet tekane, senajan sing mengkono iku sok-sok nyebal. Nanging ing kono uga satemene dumunung kreativitas, saliyane kuwanen —klebu wani nanggung risiko.
Ewasemono, aja banjur gumampang, mundhak katunjang-tunjang. Ora kesusu yen mung bakal kleru. Aja nganti kebat kliwat sarta gancang nanging temahan pincang. Sing bener lan pener, mesthi wae kebat nanging ora kliwat, gancang nanging ora pincang. Ora klelat-klelet, nanging slamet. Merga ya slamet, rahayu, iku tujuan sing luhur dhewe.
Sareh dimen pikoleh iku ora banjur nguler kambang, satitahe wae. Merga yen lakune alon-alon, kapan bakal kelakone. Ora mung merga wedi kelancangan, merga yen ngugemi pituture Sasrakartana, piye bisane rikat tan nglancangi. Utawa maneh, ora perlu ditunggu nanging dienteni karo mlaku.
Crita saka Babad Tanah Jawi kaya-kaya bisa dadi kaca benggala. Wahyuning praja, tumrap Ki Ageng Giring, temene wis kari dipuluk. Emane, klapa degan minangka wadhage wahyu ora enggal-enggal diombe, nanging malah didokok ana paga. Marang sing wedok, dheweke uga wanti-wanti supaya degan mau direksa. Ki Ageng Giring nduwe panemu, ‘’ngombe degan’’ iku uga kudu ngenteni sangat sing pas, angon wektu, ora perlu kesusu lan grusa-grusu.
Sajake Ki Ageng lali, manawa sing ngoyak tumuruning wahyu ora mung dheweke. Pemanahan sing pancen sarwa cekat-ceket nanging tansah kebak ing petung, ndilalahe mampir ing omahe Ki Ageng. Dhasar ngelak, degan diombe, nganti entek. Wahyu keprabon nyarira tunggal ing anggane Pemanahan. Ki Ageng mung bisa ngemut driji. (35)

(Sucipto Hadi Purnomo, dosen Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang/) - suara merdeka

Nata Praja Rasa Kawula

image

NATA praja iku ora mung angger mrentah. Ora mung nglungguhi kursi lan nindakake jejibahane minangka kang wenang murba lan misesa kanthi sakabehing panguwasane. Nata iku temene bisa nampa lan ngreksa sakabehe, embuh (kang dianggep) ala, embuh (kang dianggep) apik. Bisa nata praja ye bisa ”njaga praja”.

Kasil mbabad Alas Glagahwangi, Raden Kusen ngedegake kadipaten anyar, Kadipaten Bintara. Adipati Natapraja sesebutane.
Sinengkuyung dening para ulama, mligine Wali Sanga, Natapraja kasil nggawa Bintara dadi praja anyar sing katon kencar-kencar. Wilayahe saya suwe saya jembar. Dhuwur kukuse, adoh kuncarane.
Suwene-suwe, ora mung dadi kadipaten, Bintara manjilma dadi keraton anyar. Kesultanan arane. Dene sing ngratoni nganggo sesebutan sultan, Sultan Fatah Jimbunningrat.
Fatah pranyata bisa nata praja, bisa gawe fondasi kang pengkuh tumrap negarane, negara anyar kang sadurunge mung dadi reh-rehane Majapait. Majapait, sing sekawit dadi tuk lajere, ditinggalake, kapara diperangi saengga ambruk. Sejarah khas Jawa nyathet ambruke negara Nusantara II iku kanthi sengkalan ”sirna ilang kertaning bumi” utawa 1400 taun Jawa.
Temene, Majapait meh wae ambruk nalika periode II dinasti bumi Tarik iku diregem dening Kalagemet. Sadurunge pancen wis bisa dietung manawa putrane Wijaya iku ora nduwe kapabilitas minangka raja. Ora mung tandang grayange sing tansah klelat-klelet, jumbuh karo jenenge, nanging uga nduwe watak sing kurang becik tumrap pemimpin: cegok aten lan nggugu karepe dhewe, kepara duwe watek sapa sira sapa ingsun.
Kalagemet sing ora liya ya Jayanegara iku pranyata gagal nata praja. Siji baka siji sakagurune Majapait methal, kepara banjur merong kampuh jingga. Ora tambah bala nanging malah saya tambah mungsuh. Klebu satru munggwing cangklakan. Klimaks-e, Jayanegara diperjaya dening abdine dhewe nalika sang raja gerah.
Gagale Jayanegara ora mung merga ora bisa nata praja, momong para kawula lan ngesuhi para nayaka, nanging uga ora kuwawa njaga praja. Jayanegara, sing kudune dadi payung agung tumrap para sentana lan kulawarga minangka intine praja, malah ngrusak prajane dhewe. Jayanegara gagal njaga prajane.
Njaga Praja
”Njaga praja” minangka pratelan idiomatik ngemu teges ora mung njaga praja supaya aman lan tentrem. Luwih saka iku, njaga praja uga ateges bisa nampa marang sakabehing kekurangan sing ana lan bisa mengku kekurangan mau. Kekurangan sing ana ora malah dibabar marang liyan, nanging cukup ”dingerteni dhewe”. Saliyane iku, kabeh tindak tanduke, muna-muni, uga tansah njunjung drajat marang awake dhewe, kulawargane, munggahe marang negarane.
Senajan kasil nata praja, Patah uga kegolong ora bisa njaga praja. Minangka putra, mestine dheweke bisa ”mikul dhuwur endhem jero” marang Brawijaya. Nanging dheweke malah ora. Bebasan ngemut gula, krasa legi dileg sapabrik-pabrike. Merga rumangsa sentosa jalaran disengkuyung dening para wali, Fatah malah merangi bapake dhewe kanthi maneka pawadan. Fatah sing nyengkakake Brawiaya lengser keprabon. Saora-orane iku sing dicritakake ing Babad Tanah Jawi.
Bali marang nata praja. Nata iku temene mernata supaya tumata. Kahanan sing maone pating blengkrah, pating slebar, utawa kocar-kacir, malih dadi tumata. Ora kosokbaline.
Nata ora mung ngerehake, utawa dadi pangreh praja, nanging uga among sahingga bisaa dadi pamong praja. Sawijining pamong iku ora mung bisa mrentah, ora mung dhawuh dangu, duka, utawa drana wae. Nanging kanthi spirit pamong, dheweke kudu tansah bisa nindakake gegebengan kaya kang diajarake dening Ki Hajar Dewantara: ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, lan tut wuri andayani.
Unen-unen iki pancen klise lan wis disumurupi dening wong akeh. Ewasemono, durung karuwanyen padha kelingan tegese. Mula ora ana eleke manawa perlu dielingake manawa sacara harfiah sesanti mau ngemu teges ing ngarep menehi conto, ing tengah mbangun tekad utawa karep, lan sing ana ing buri tansah nyengkuyung.
Nanging luwih saka kuwi kabeh, bola-bali manut panemune Ki Hajar, pemimpin lan mimpin iku yektine kawicaksanan (wisdom). Mula arepa kepriye cak-cakane, kudu tansah linambaran kawicaksanan mau, amrih ora dadi otoriter nanging dadine demokratis.
Banjur ing ngendi dununge panata praja iku? Ora kudu ana ngarep terus senajan pancen jejer minangka pengarep. Sebab yen ana ngarep terus sok-sok lali piye rasane yen ana tengah, apamaneh ana buri. Mula wong kang lagi nata praja iku kudune ya bisa manjing ajur-ajer senajan ora kudu mancala putra mancala putri.
Astabrata
Kanthi mangkono, wis samesthine manawa saben pamong praja nalika nata praja kudu tansah nindakake astabrata, laku wolu. Iku mono, ing jagad pewayangan, mujudake ajarane Rama marang Destarata nalika arep nglenggahi dhampar keprabon negara Ayodya utawa Begawan Kesawasidi marang Arjuna ing lakon Makutharama.
Sepisan, ngenut lakune srengenge. Lire, nduwe sipat panas, kebak energi, lan aweh dayaning urip. Loro, lakune rembulan sing nduwe wujud endah lan asung pepadhang nalikane peteng.
Telu, lakune lintang. Lire, darbe wujud endah, dadi rerenggan nalikane wengi sepi, lan bisa dadi pandoming keblat. Papat, lakune angin. Angin mono nduwe sipat ngisi saben papan kothong senadyan papan mau rempit dikaya napa. Lima, lakune mendhung. Katone ireng medeni, nanging yen wis tumurun dadi udan bakal nelesi lan nguripi saben tethukulan.
Nem, lakune geni. Geni mono jejeg lan saguh mbakar apa wae. Tegese, ora emban cinde emban siladan nanging ngadeg jejeg kanthi adil. Pitu, lakune samodra kang nduwe sipat jembar tan wangenan lan nampa apa wae. Lire, jembar wawasane lan bisa nampa apa wae kanthi ”dhadha kang jembar”.
Dene kang pungkasan, lakune bumi kang duwe watak sentosa lan suci. Mula pamong praja iku sabisa-isa kudu sentosa lair-batine nanging uga ora wigah-wigih nglunturake nugraha marang sapa wae kang duwe lelabuhan. Persis karo unen-unen ìsapa nandur ngundhuhî.
Sepisan maneh, kanthi ngenut laku wolu mau, istingarah pemimpin bakal kasil mbangun kawicaksanan kanggo nata praja lan uga njaga prajane dhewe. Ora mung bisa nuntut anane manungaling kawula-gusti, nanging uga manunggaling gusti ing rasane kawula. Utawa, dadi panguwasa sing kumawula, dudu kawula sing kumawasa, apamaneh mendem kuwasa.

(Sucipto Hadi Purnomo, dosen Sastra Jawa FBS Unnes/) suara merdeka

Aksara Jawa


AKSARA iku tembunge liya huruf. Tembung aksara uga wis dadi tembung Indonesia upamane ing tembung “buta aksara, niraksara, nawaaksara”. Keklumpukaning aksara utawa huruf mau disebut abjad utawa alfabet. Ora saben basa iku duwe tulisan dhewe-dhewe, sawetara basa sing dienggo dening masyarakat suku-suku terpencil ora nduwe tulisan utawa ora kenal tulisan. Tulisan iku mujudake bab kang wigati banget tumrap kemajuaning bangsa. Sejarah karo prasejarah dibedakake adhedhasar wis ana lan orane peninggalan tertulis.
Tulisan iku werna-werna; ana tulisan Latin, tulisan Arab, Palawa, Jawa, lan liya-liyane. Basa Jawa saliyane ditulis nganggo aksara Jawa, uga katulis nganggo tulisan Arab lan Latin. Dadi, basa iku bisa ditulis nganggo tulisan werna-werna. Sing maune katulis nganggo aksara Jawa bisa diganti ditulis (ditrasliterasikan) nganggo aksara Latin.
Aksara iku pancen ora klebu paerangane basa. Tulisan iku mung sarana nglantarake gagasan kanthi tinulis. Aksara Jawa iku pancen mujudake wohing kabudayan sing luhur, kang ngandhut filsafat sing jero. Ananging sinau basa Jawa aja nganti dadi rekasa lan ora nyenegake amarga kudu bisa maca tulisan Jawa. Saiki akeh buku-buku sing ditulis ing aksara Latin, baud maca Jawa mung perlu tumrap sing padha nliti naskah-naskah kuno. lng wektu iki wis angel golek buku sing katulis ing aksara Jawa.
Aksara Jawa sing sumbere huruf Palawa iku, miturut dedongengan digawa menyang Tanah Jawa dening Ajisaka. Carakan iku bisa ditegesi werna-werna, bisa diothak-athik mujudake crita kanthi wawasan filsafat kang jero. Adhedhasar tulisan Jawa, ana tetembungan kang unine: wong Jawa iku nek dipangku malah mati. Gandheng anane falsafah lan pangothak-athik mau, akeh para sepuh sing ngukuhi menawa sinau basa Jawa iku ya kudu bisa maca tulisan Jawa.
Pasinaon basa Jawa ing pamulangan iku sabisa-bisa kudu digawe nyenengake lan ora ngebot-boti. Mula bab tulisan Jawa ya wis cukup menawa para siswa wis bisa wanuh karo aksara mau, bisa nulis setembung rong tembung, bisa nulis jenenge dhewe.
Bab paramasastra mbokmenawa uga ora perlu diwulangke srana mirunggan utawa mujudake pelajaran sing madeg dhewe. Paramasastra bisa didadekake srana kanggo mbenerake kaluputan ing babagan pangrakiting ukara lan tembung. Kasusastran bisa dadi wulangan kang nyenengake. Crita, dedongengan, tembang lan lelagon, bisa narik kawigaten para siswa. Saya yen asring dianakke sayembara ndongeng, nulis lan maca geguritan, medhar sabda utawa nembang.
Nyinau aksara Jawa nganti bisa maca lan nulis kanthi lancar, iku ora gampang. Kamangka buku-buku kang katulis ing aksara Jawa ya wis arang banget. Para siswa perlu digugah atine supaya seneng nyinau basane. Iku bisa ginayuh menawa wulangan basa Jawa iku nyenengake, ora dadi wulangan sing abot, lan mboseni.
Dening Soedjarwo...suara merdeka

Rabu, 29 Juli 2009

Meneladani Watak Kesatria Sang Bima


BIMA awalnya terlahir sebagai sosok yang kurang beruntung. Putra kedua Pandudewanata itu terbungkus selaput yang tak bisa terbuka selama bertahun-tahun. Sang jabang bayi Werkudara itu pun akhirnya diputuskan untuk dibuang ke Hutan Mandalasara.
Jin, peri, demit, gundul pringis, dan penunggu Hutan Mandalasara karena terganggu lalu memprotes keberadaan bayi berselaput itu ke Batari Durga.
Rapat kahayangan memutuskan bayi dalam selaput itu diserahkan ke seekor gajah bernama Gajah Sena. Oleh putra Gajah Erwata itu, bungkusan bayi ditabrak, dibanting, dan diinjak-injak hingga pecah.
Saat kali pertama menghirup udara dunia, Bima yang terlahir sebagai sosok bertubuh besar juga harus langsung bertarung dengan Gajah Sena. Sang Gajah kalah dan musnah menyatu dengan tubuhnya.
Meski tak pernah berbahasa Jawa krama, dia selalu menjadi yang terdepan melindungi orang-orang lemah dan membela siapa pun yang dianggap benar.
Dia juga pekerja keras yang tak melik pangkat dan jabatan. Dia tekun membabat Alas Wanamarta untuk dijadikan Kerajaan Amarta. Namun, dia tak berkeinginan menjadi raja. Dia menyerahkan Amarta untuk dipimpin kakaknya, Puntadewa.
Halus Di tubuhnya yang terlihat keras, Bima sesungguhnya berbudi halus dan mikul dhuwur mendhem jero, berbakti kepada kedua orang tuanya.
Ketika mendapat ilmu kehidupan dari Dewa Ruci, dia memilih menyebarkannya kepada siapa saja sebagai amalan kepada orang tuanya.

Sabtu, 18 Juli 2009

Untung Ora Nganggo Kathok


Pas dina minggu rina adikku dikongkon ibu ngunduh klopo kanggo ngawe kolak, kuwi biasa wong pancen bocahe tomboy jee...

Ngene undangaane ibu,
"Rin, aku undhuhno klopo kanggo kolak mengko."
"Yooo bu mariki," jawape rina.

Sedhelo engkas rina menyang buri saperlu menek wit klopo, bareng tekan nduwur deweke njeblokke klopo siji-siji{blak -bluk ] swarane. Gaekagete bocah lanang-lanang ing ngisore sing lagi jagongan. Banjur cah lanang-lanang moro kanti ndangak, trus rina nakoni,

"Hee, kowe gelem klopo ta? opo degan?"

Cah lanang-lanang ora jawab, tapi tetep ndagaak karo koyok nggumun ngono. Terus rina malah bingung lan mudhun mlebu omah karo takon ibune,

"Bu, cah lanang- lanang mau nang ngisorku lapo yoo, wong tak twani klopo emoh, tak tawani degan yo emoh, tapi tetep nang ngisor karo ndangak ngono?"

"O,pancenkowe cah bodho ngono kuwi nginceng kathokmu, ndhuk-ndhuk!" jawab ibuke.

Kanti roso seneng lan bungah tenan rina ngomong marang ibune,
"Oalah yoo SELAMET TENAN, BU AKU MAU LALI ORA KATHOKAN NGONO...!"

Ibune dadi tolah toleh,

"????????"

Terjemahan Lagu Boso Jowo


All out of love (Air Supply):
Katresnan kebablasan

Goodbye (Air Supply):
Minggat

Lost in love (Air Supply):
Wes ora tresno

Making love out of nothing at all (Air Supply):
Gelo (jebule ora dibayar)

Grease (Bee Gees) :
Kinclong

How deep is your love (Bee Gees):
Duwekmu kok jero 'men

I started a joke (Bee Gees):
Wiwit ndagel

In the morning (Bee Gees):
Isuk utuk2

Saturday night fever (Bee Gees):
Meriang ning nekat ngapel

Summertime (jazz) :
Loro Panas

Stayin' alive (Bee Gees) :
Ora iso mati

Words (Bee Gees) :
Nggedebus

More than words (Extreme) :
Nggedebus pol

Highway star (Deep Purple) :
Jago trek-trek'an

Smoke on the water (Deep Purple) :
Umob (album 'Nggodog Wedang')

Soldier of fortune (Deep Purple) :
Prajurit raiso mati

Mama (Genesis) :
Mak'e

Another day in paradise (Phill Collins) :
Suk'mben ing swargo

Againts all odds (Phill Collins):
Ongko Ganep

All night long (Lionel Richie) :
Lek-lek'an(ngebyar)

Still (Lionel Richie) :
Isih (durung entek)

Stuck on you (Lionel Richie) :
Kecanthol

Truly (Lionel Richie) :
Tenan'e

Frozen (Madonna) :
Njendel

Like a virgin (Madonna) :
Ketok'e perawan

Don't cry for me, Argentina (Madonna) :
Ojo nangis, Sragen

Billy Jean (Michael Jackson) :
Tuku clono Levis

Black & white (Michael Jackson) :
Sebrangan dalan

Killing me softly (Roberta Flack) :
Di-ithik-ithik sak-modar'e

Release me (Engelbert Humperdinck) :
Cul'na aku

My way (Frank Sinatra) :
Sak-karepku

I don't like to sleep alone (Paul Anka) :
Kelon-ana aku

Fragile (Sting) :
Bentet

Hands clean (Alanis Morissette) :
Bar Wisuh

Believe (Cher) :
Percoyo

I still believe (Brenda K Star) :
Ngengkelan

Shy guy (Diana King) :
Clingus

Wild woman (Michael Learns to Rock) :
Morotuwo

Torn (Natallie Imbruglia) :
Suwek / dedel duel

Don't speak (No Doubt) :
Meneng'a wae

La copa de la via (Ricky Martin) :
Ayo bal-balan

Something stupid (R William & Nicole Kidman):
nggobloki

Kiss me (Sixpence None The Richer) :
Kismis

Viva forever (Spice Girls) :
Ketagihan wedak Viva

Uptown girl (Westlife) :
Wong wedok nggunung

Don't stop me now (Queen) :
Ojo Nggandoli

Bohemian rhapsody (Queen) :
Bu Hemi nge'Rap'

We will rock you (Queen) :
Balang2an watu

Always (Bon Jovi) :
Mesti ngono

Bed of roses (Bon Jovi) :
Peti mati

Alone (Heart) :
Ijen (album 'Kendel tenan')

Self control (Laura Branigan):
Poso

Warrior (Pat Benatar) :
Sepatu basket

The temple of the king (Rainbow) :
Candi

Sailing (Rod Stewart) :
Iseh Eling (ora edan)

Jump (Van Halen) :
Njondil (album 'Kaget')

Almost unreal (Roxette) :
Ora umum

Black magic woman (Santana) :
Mak Lampir

Smooth (Santana) :
Lunyu (album 'Kepleset')

Always somewhere (Scorpion) :
Mblayang wae

Still loving you (Scorpion) :
Ra duwe isin

So young (The Corrs) :
Bocah SD

After all (Al Jarreau) :
Entek2an

Forever young (Alphaville) :
Awet enom

Woman in love (Barbra Streisand) :
Suminten edan

Mandy (Barry Manilow) :
Adus

Suddenly (Billy Ocean) :
Mak-jegagik / uJUG uJUG

If (Bread) :
Yen

My heart will go on (Celine Dion) :
Loro hepatitis

The prayer (Andrea Bocelli & Celine Dion) :
Mbah Modin

I've never been to me (Charlene) :
Ora pernah kenal Tomi

Hard to say I'm sorry (Chicago) :
Kisinan

Zombie (Cranberries) :
Gendruwo

Boulevard (Dan Byrd) :
Dalan gede

Lady Valentine (David Gates) :
Putri Solo

Emotion (Destiny's Child) :
Muntab

If we hold on together (Diana Ross) :
Yen Gegandengan tangan

It's you (Dionne W & Stevie W) :
Jebul sliramu

Hotel California (Eagles) :
Losmen Kali Pepe

Big big world (Emilia) :
Donya'ne gedhe banget

In your eyes (George Benson) :
Blobok

Careless whisper (George Michael) :
Seneng rasan2

All I am (Heatwave) :
Serakah

I don't have the heart (James Ingram) :
Rempela thok

Just once (James Ingram) :
Sepisan wae

Beautiful girl (Jose Mari Chan) :
Cah ayu

To all the girls I loved before (Julio Iglesias) :
Kanggo randha-randhaku

Dust in the wind (Kansas) :
Lesus nggawa bledug

Pretty boy (M2M) :
Banci

Smile again (Manhatan Transfer) :
Ayo ngguyu (Waljinah)

Paint my love (Michael Learns to Rock) :
Nge-cet omahe pacar

I'll be here waiting for you (Richard Marx) :
Dak-cegat nyang kene

Become 1 (Spice Girls) :
Ilang siji

Babe (Styx) :
Maratuwa (Betawi)

Mermaid (Tatsuro Yamashita) :
Iwak ayu

Lea (Toto) :
Liyo (ora podo)

Just the way you are (Billy Joel) :
Sak-karepmu

Smoke gets in your eyes (jazz) :
Kakehan ngrokok

Long train running (Doobie W) :
Kepancal Sepur

All blues (George Benson) :
Kelunturan (biru kabeh)

O Danny boy (tradisional Irlandia) :
Jebul'e anake Dani!

Blueberry hill (Louis Armstrong):
Gunung Pare

Another clown (Leon) :
wong DPR

Lagu Lupa-Lupa Ingat (Versi Jawa)


Le ayo ayo rame rame kita kumpul tapi gak kebo
Le duduk nyanyi tulo tulo ayo kabeh nyanyi yoo

*
Lali,lali lali lali,lali meneh syaire
Lali,lali lali lali,lali meneh syaire
Eling,eling eling elik,cumak eling kuncine
Eling,aku eling eling,cumak eling kuncine

**
C A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh

Mbalik nang *, **

C A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh

Nah wes teko C kita nang di meneh ki,
wes a kita nang C meneh ae (nang C meneh) ojok pusing-pusing
Tau nih koyoke nang C meneh wae (nang C meneh) ojok meloki

teruso
Berantakan iki seng entok (neng C meneh)
Ey seng bener wesa ganti iki
Nang C meneh neng C meneh (nang C minoor)